Selasa, 03 Maret 2009

sedulurmu lanang

wis suwe sedulurmu lanang ngembara ana ing tanah sebrang Jawa yaiku tanah Sumatera kang dumunung ana ing sisih kulon pulau Jawa. Nalika iku tahun 1982 ninggalake tanah wutah getihe Surakartahadiningrat alias Sala (Solo), saperlu golek pengalaman sabubare ngangsu kawruh ing pawiyatan Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS "Sebelas Maret").
Sepisan tumuju ana ing tlatah Batavia ya Jakarta ibu kota Republik Indonesia iki. Ananging saka ruweting kahanan ing Jakarta sedulurmu lanang ora tahan, amarga wis nyoba nggolek pakaryan ing babakan wiraswasta, pendidikan lan liyane kang waton bisa kanggo mangan. Terkadang uga bener menawa ana paribasan "Ibu Kota lebih kejam dari Ibu Tiri". Paribasan iku uga bisa salah, amarga pendhak tahun sabubare Lebaran Idhul Fitri, kena kapesthekake wong saka daerah pada teka ana Jakarta golek pangan.
Dadi ya tergantung saka tekad lan kekarepaning para perantau sing pada urbanisasi menyang Ibu kota Jakarta saperlu ngadu nasib. Syukur untung utawa malah buntung.

Dalah sedulurmu lanang malah ninggalake Jakarta mlumpat selat Sunda tumeka ing propinsi Lampung. Oleh tugas sosial ing daerah transmigran Rumbia, Metro, Lampung Tengah kala samana. Daerah iki penduduke mayoritas saka daerah Solo lan Yogya kang wis dadi transmigran nalika zaman jajahan Walanda (Belanda). Wektu iku daerah kono durung dibangun waduk Way Rarem lan Pusat Pelatihan Gajah Way Kambas. Penduduke isih akeh kang urip kacingkrangan, amarga irigasi durung ana lan sing akeh ya tanah pategalan. Sedulurmu lanang ya ngrasakake mangan karo tiwul, tela kaspe lan buden.
Ana kono pancen dudu uripe sedulurmu lanang, lan dianggep kurang cocok kerja ana kono dening sing menehi pakaryan.

Sedulurmu lanang ora banjur judheg, nalika iku paklike (oom) menganggur lan oleh gaweyan (order) nggawe taman ing kutha Palembang, Sumatera Selatan. Mula karo ngancani paklike, sedulurmu lanang mbujuk supaya paklike gelem nampa gaweyan kuwi.
Nalika ing Palembang sedulurmu lanang ngewangi gawe taman ana ing omahe perwira kepolisian Polda Palembang bagian Kadispen Polda. Durung nganti rampung anggawe taman, sedulurmu lanang ketampa ana ing instansi sosial swasta maneh, banjur katugasake ana ing daerah Transmigrasi Pasang Surut ing daerah MUBA (Musi Banyuasin).
Transportasi daerah transmigran ing kono nganggo jalur air, mula kudu nganggo numpak Speedboat apa perahu "Kethek" (Perahu motor sing lakune ora banter).
Daerah kono (Transmigran Air Sugihan) wektu kuwi isih daerah anyar, isih kabagi dadi UPT (Unit Pemukiman Transmigrasi) lan KUPT. Wektu kuwi sedulurmu lanang manggon ana ing Air Sugihan jalur 20, Blok B (Purwodadi). Ananging tugase ana wilayah kang luwih amba, nglayani masyarakat apa wae sing dibutuhake ing daerah kono. Menehi panyuluhan tentang koperasi, sosial budaya, malah kapacak ngajar ing SMP kanthi ngajar pelajaran: PKK lan Bahasa Inggris. Kamangka sedulurmu lanang lulusan Sejarah lan Sosiologi Antropologi. Hopo tumon...!
.......................................................................

durung rampung

r

Tidak ada komentar:

Posting Komentar