Kamis, 14 Juli 2011

Wus temuka ing janji

Wus luwih saka seprapat abad umure sedulurmu lanang...Wis meh 30 tahun urip ana ing perangtaun nglembara golek pangauripan lan sejatining urip sawise ngrampungake belajar ing perguruan tinggi ing kutha Solo. Wiwit saka ing Jakarta, terus lunga nang Lampung, mlumpat nang Kalimantan nganti tekan Sulawesi. Balik Lampung mlayu nang Palembang terus balik maneh menyang ing kampung halamane, ananging lagi seminggu terus mlayu ing Palembang maneh amarga oleh telegram kang kudu bali ana Palembang. Kasunyatane ing Palembang katampa dadi guru ing SMP lan SMA, ananging amarga kesulitan wektu ngajar ing loro-lorone, sedulurmu lanang milih mulang ing SMA nganti saiki, yaiku SMA Xaverius 1 Palembang wiwit tahun 1984 lan diangkat dadi guru tetap taun 1986.
Ana ing alam / era Reformasi , sedulurmu lanang masuk ing Sertifikasi Guru lewat Diklat utawa PPLG nganti luluse tahun 2010, ananngin nganti wulan Juli 2011 isih durung nampa duwit Sertifikasi Profesi guru amarga kurang jam ngajar lan sapanunggalane kang wis dadi kabudayan ing tanah n bangsa kita.
Ya ora apa-apa...! Sumarah ing Gusti, amarga Gusti mboten Nate Sare...!

....................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar